Kamis 02 Apr 2020 07:58 WIB
Wabah

Kiriman Pesan Peter Carey: Ramalan Wabah Sebelum Perang Jawa

Ramalan soal wabah sebelum Perang Jawa

Pangeran Diponegoro mengenakan serban dan berkuda di antara para prajuritnya yang tengah berisitirahan di tepian Sungai Progo.
Foto:

              ***

Ramalan itu dalam bahasa aslinya oleh Peter Carey juga disertakan. Isinya sebagai berikut:

‘’Punika layang pituduh saking pandhita kang dhihin-dhihin Iman Sampurna.​

bésuk ing taun Alip Tanah Jawa pageblug luwih gedhé saking anggèné aran dhemit Tarangnyana punika pituduh saking pandhita Iman Sampurna.​

Bésuk ing taun Alip Tanah Jawa pageblug luwih gedhé saking kilènan aran dhemit Teragnyana balané kaya pedhut warna-warna rupané sawenèh ana rupa kaya kelabang, kalajengking, ula lan macan, iku padha dhuwèni upas sedaya.

Andéné pageblug kang saking wétan Nyai Roro Kidul sabalané, Sunan Lawu sabalané miwah dhemit Tanah Jawa sedaya. Warna-warna gegamané kang saking wétan sawenèh ana gaman kaya uncek lan kaya jara, tumbak, bedhil, canggah, dhadhung, iku padha amadha sedaya maring wong jahil padha katahil, wong ladak padha katumbak, wong botoh padha kabotoh déning dhemit,wong dir padha kacakir déning dhemit, wong murka padha sirna déning dhemit.

Sangartané pageblug Pulo Tanah Jawa dadi​ segara getih, sarah mayit. Déné ingkang dadi tumbalé wong salat limang wektu lan wong muji zikir kalih wong padha sedhekaha segogolong ngétung batur kang dènmulé Ratu Agama, ana déné iwaké iwak pitik, janganané jangan menir, dongané tulak bilahi, wekasan slamet, kalih malih ambengé ditutupi serbèt kuning, kalih malih wajib angaweruhana ing sahadaté Ratu Agama, lamun weruh ing sahadat iku saben-saben wengi dènwacaa kaping patang-puluh papat, ikilah ilmuné:

“Ingsun angaweruhi ing sahadat Paneteg Panatagama, iya jumeneng roh idlafi kang ana telengé ati, kang dadi panceré urip, kang dadi layaring Allah, kang madhep​ maring Allah, wewayangané Mohamad, sajatiné manungsa iku wujud kang sampurna, selamet dunya selamet akérat, Ya Hu Ya Allah.” Iku pituduh kang nyata.

Poma manéh wong Tanah Jawa lanang wadon padha angimanana pituduh ing para ngulama lan saking Kitab Musarar: “a`ūdu billahi s-sami`i al-`alīm min aš-shayţān ar-rajīm, wa-mā `l-hayāt al-dunyā illā matā `al-ghurūr wa-man yad` ū ma`a-allah ilāhan akhara lā burhān lahu bīhī innahu fa-innamā hisābuhu `inda rabbihi innahu yuflihu al-kāfirūn wa-qul rabbi-ghfir warham waanta khayr al-rāhimīn.”

 

Advertisement
Berita Lainnya
Advertisement
Advertisement
Advertisement